Nyekso Batin

Yonanda Frisna Damara

Kesel atiku, sabar ngerteni
Ngempet lara ning ati
Tresna karo kowe, apa kudu larane
Nangis batin nganti kaya ngene

Wis, mas, aku sing mundur
Ketimbang tak teruske, tresnaku dadi tambah ajur
Jalin cintane bubrah, rasa ati ra nggenah
Aku pengene pisah, nanging sliramu wegah
Wis aku ra kuat, aku tak sing minggat
Tresna iki.. Udu dolanan, lara atikuuu ra karuan

Tresna sing suci saikine tinggal janji
Tangise ati dadi bukti

Ra kuat aku, nyekso batin lan atiku
Trima mundur ketimbang dadi tambah lara
Lilakno aku nyanding tresna sing liyane
Isa nampa atiku apa anane

Wis, mas, ikhlasno aku
Mungkin dalane pisahan aku marang sliramu
Tresna iki tak pendem sak jeroning ati
Ikhlas lahir batinku, muga isa oleh ganti
Jero dada uwis nerima
Aku mung isa donga kowe gandheng wedokan liya
Aku tak sing lungo, atiku lara

Tresna sing suci saikine tinggal janji
Tangise ati dadi bukti

Ra kuat aku, nyekso batin lan atiku
Trima mundur ketimbang dadi tambah lara
Lilakno aku nyanding tresna sing liyane
Isa nampa atiku apa anane

Ra kuat aku, -nyekso batin lan atiku-
Trima mundur ketimbang dadi tambah lara
Lilakno aku nyanding tresna sing liyane
Isa nampa atiku apa anane

Wissenswertes über das Lied Nyekso Batin von Arlida Putri

Wer hat das Lied “Nyekso Batin” von Arlida Putri komponiert?
Das Lied “Nyekso Batin” von Arlida Putri wurde von Yonanda Frisna Damara komponiert.

Beliebteste Lieder von Arlida Putri

Andere Künstler von Asiatic music